Senin, 24 September 2018

Laker sepedha motor jebrol ana tengahing alas.

Saka Pati ....rencana wis gilig...tumuju ana bekas kerajaan kang misuwur ya kuwi Kediri Jawa Timur....saperlu maringi suntikan motivasi lan nambani kangen anak no 2 kang rong wulan ora ketemu kang ngudi kawuruh ana ing Darul Ma'rifat Gontor 3 Kediri.

Bismillah. Oyak oyakan karo truk, bus, mobil alus, tronton, sepedha lan sepedha motor liyani. Siji ana sak jeroning ati bisa ketemu anak.

Rute kang dak jupuk Pati Juwana Rembang Blora Cepu Bojonegoro Nganjuk. Antarane Bojonegoro Nganjuk kuwi ana alas kang kudu dak lewati saka Dander Temayang lan Ngancik Kuto Nganjuk dawane kira kira 50 km.

Tumeko Temayang, sawijining desa ana tengahing wono... utawa Desa paling selatan Kab. Bojonegara, sepedha motor sing dak tumpaki ro ibune rasane gak kepenak. Grag greg...grag greg. Ana kang ra beres ki. Aku mandeg sawetara. Rumangsaku oli mesin wis wayahe ngganti durung tak ganti. Aku tuku oli ana toko pinggir ndalan kang isih bukak.

Ana ing toko mau aku nyuwun pirsa kang kagungan toko.... bengkel sepedha motor ana ing tlatah Temayang ....utawa pawongan kang bisa mbenerake. Aku diparingi ngerti. Mlaku sithik mengko ana prapatan. Njupuko dalan lurus kang pavingan. Kira kira 10 - 15 meter takon Mas Gunawan utawa Mas Andi..Sapa ngerti bisa nulung....amerga nek awan awan nyambut gawe ana bengkel sepedha motor.

Ya...sak durunge mlebu Kuto Bojonegara sisih kidul utawa Dander....aku ngendekake laku saperlu ngaso sawetoro lan laporan ro Gusti Allah Sholat Magrib kang dak jamak takdim ro Sholat Isya. Aku lan ibune yakin banget marang Gusti... Allah SWT....bakal nulung pawongan utawa menungsa kang tansah eling marang Gustine....

Sakwise rampung aku takon ongkose. Rampung dak bayar lan matur matur nuwun banget atas pertolongan Mas Gunawan....aku lan ibune nerusake laku. Double starter dak uripake. Reng....Ngancik alas manih.

Ning Alhamdulillah....Swear.....awake dhewe nduwe pikiran yen alas mau peteng lan nyeremake. Ning para kanca...Ora.....Sebagian besar dalan wis dibangun amba banget karo hot mix lan diwenehi lampu penerangan jalan. Matur nuwun banget Pemda Provinsi Jawa Timur....Juos...Sip tenan.

Ora mung kuwi....mbulan ana ing langit tansah ngetutake lakuku...ngancani tekan Pondok Modern Darul Ma'rifat Gontor 3 Kediri. Tekan Gontor 3 pas tengah wengi.
Subhanalloh...
Walhamdulillah...
Walaillahaillalloh...
Huwallohuakbar...
Lakhaula walakuwata illabillahilaliyiladhiiim.
Maha suci Allah...
Puji syukur ya Allah
Tidak ada Tuhan selain Allah
Allah Maha Besar
Tidak ada daya dan kekuwatan kecuali daya dan kekuwatan Allah....

0 komentar:

Posting Komentar