Senin, 12 Februari 2018

Ditulis lan dipostingke dening admin Blog


Para kanca kabeh. Ana ing kalodangan iki, penulis berbagi pengalaman kanthi judul "Udan deres ana ing tengahing Alas Bojonegoro Nganjuk"

Wayah sore, aku ibune lan anak kang nomor 3, wis nglewati Dander Bojonegoro. Arep mlebu alas ...ban ngarep sepedha motor nggembes. Alhamdulillah...ana pawongan kan nulung nuduhake bengkel kang gelem nembel ban. Aku gak gelem resiko amergo wis ana 3 tambalan,, aku nyuwun ban diganti kang anyar. Perlu 1/2 jam Mase ngrampungake bongkar lan pasang ban anyar..

Jam ana ing HP nuduhake angka 19.00. Adhan Isyak wis mulai dak rungokake. Angin sempribit lan udan deres banget. Kilat lan gluduk nyamber nyamber nambah suasanane ati misris. Nanging tujuan saka ngomah kang gilig  kudu kaleksanan ya kuwi tilik anak kang no 2 kang nembe ngudi kawuruh ana ing Gontor 3, Gurah, Kediri. 

Aku, ibune lan anak kang angka 3 nganggo jas udan sakdurunge nembus dalan kang nglewati alas sekitar 50 km. Saking deresing banyu kang tiba saka langit, ya awak tetep teles. Aku ora wedi anane wedenan awujud pocong, wewe gombel, lan memedi liyane. Aku gak samar marang dalan kang dak lewati. Aku mung wedi dening pawongan kang ana niat ora apik. Aku ugo samar marang anane rewele sepedha motor ana tengah alas kang dak lewati.

Subhannalloh...walhamdulillah...walailahaillalloh huwallohuakbar.....
Dhikir ....ana sakjeroning ati. Anak lan sisihanku ugo ndremimil ana ing lathi ukoro kuwi. Ngancik ana ing dalan laladan alas Nganjuk...ana cah nonoman 3 kang mandhek nganggo sepedha motor.. Sandhangan lan nggon nggonane nyala wadi. Aku ngebel...dhit dhit dhit...karo pawongan mau. Aku nge gas sepedha motor sak kenceng kencenge. Mung wae aku ngati ati merga dalan nikang nikung lan munggah mudun.

Alhamdulillah...cah .nom noman mau ora ana niat elek. Nanging aku kudu tetep waspada. Aku tekan Kota Nganjuk kira kira jam 9 bengi. Tekan Kediri jam 11.30 kanthi slamet lujeng Alhamdulillah.....Udan, bledek lan gluduk mono mung paringane Gusti Allah...Ya...aku ora keno ngresulo, sing penting gusti muga tansah maringi sehat, seger kuwarasan, lan slamet fidun ys  wal akhiroh. Slamet ndonyane ya slamet akherate. 

0 komentar:

Posting Komentar