Minggu, 10 April 2016

Dituls lan dipostingke denng Penulis. Dino Setu awan  kiro kiro jam 2, aku, ibune lan si bungsu tak kanti budhal saka omah ngannggo sepedha motor, saperlu niliki anak kang pambarep lan no loro kang nembe sinau ana ing Gontor, Ponorogo, Jawa Timur. Saka Kutho Pati. Ana njero pikiran aku arep nglewati rute Juwana Rembang Blora Cepu Bajanegara Ngawi Magetan Madiun lan Ponorogo. Sakwise tekan etane kutho Juwana, sajak grimis, lan arep udan.

Aku noleh langit sisih kidul kulon. Langit sajak padhang. Olehku nyepedha tekan nglewati Juwana, aku mbalik 180 derajat. Aku njupuk arah kiri. Saka Juwana ngidul tekan Jakenan, Winong, Gabus, Tambakromo. Sobek sobek. Tekan Tambakromo udan deres.  Aku mandek. Njupuk jas udan ana ing ngisor jok. Banjur sepedha motor tak stater. Aku nerusake laku, motong munggah Gunung Kendeng. Aku tekan Maitan. Ana ing Desa Wukir Sari, bes. Ban nggembes.Aku mandehek. ibune lan anak bungsuku tak udhunke lan ngenteni ana angkruk sak pinggire dalan gedhe. Sepedha tak gladhak, nggolek tukang tambal ban. 


Para pembaca kang minulya, mesthi bae iso nebak. Sepedha motor kang dak gladhak mesthi ban njerone rusak. Mulo aku nyuwun tukang tambal ban ngganti ban njero bae. Udan isih deres. Kabut ugo sajake kandel banget. Hawane sajak atis banget. Mbutuhake kira kira 1 jam, tukang ban mbenakake. Mergo aku kudu andri dhisik. Aku sajak diwelehke Gusti Kang Akariyo Jagad. Allah SWT.  Yen jatahe kudanan ya mesthi kudanan. 


Sakwise rampung, aku nerusake laku. Saka Maitan, aku njupuk rute Pelem Sengir, Tegal Rejo, Ngidul terus, Tekan Bleduk Kuwu, Wirosari. Wirosari ngidul terus, Kradenan, Jenar, Sambung Macan (Kabupaten Sragen sisih Wetan). Aku banjur tekan Ngawi, Magetan, Madiun lan Ponorogo. Alhamdulillah, tekan tujuanku kiro kiro jam 12 bengi, kanthi slamet lujeng ora ana alangan apa - apa.

0 komentar:

Posting Komentar