Ditulis lan dipostingke dening Penulis
Sedulur kang minulyo. Ana ing kalodhangan iki, aku arep cerita kanthi judul ing ndhuwur kuwi. Malem minggu, aku sisohan lan sing bungsu entuk undhangan ana ing nggantar saperlu ndeleng Panggung Gembira kang dianakae dening pondhok Modern Darssalam Gontor 1 Mlarak Ponorogo. Acarane apik banget. Sakwise nekani acara aku lan keluaraga turu ana ing Bapenta (Bagian Penerimaan Tamu) kanthi gratis alias gak mbayar babar pisan. Esuk esuk jam 6 aku lan keluarga pamit mulih karo 2 anak anakku kang isih sianu ning kono lan maringi motivasi lan sethithik dhuwit kanggo uang saku.
Saka Panorogo, aku mangkat mulih jam 7 esuk. Wis biasane, aku nganggo sepedha motor. Pertimabangan mangkat esuk mesthine supaya ora panas ana ing perjalanan. Saka Panorogo, aku njupuk dalan arah Maospati Cedhak Lanut Iswahyudi, Perbatasan Magetan Madiun. Tekan daerah kuwi, aku ngantuk. leren ing mesjid, ngiras ngirus sholat dhuha.
Sakwisa mari kesel lan ngantuk, aku neruske laku. Saka Maospati ngalor tumuju ing tlatah Ngawi. Sakdurunge Kutho Ngawi, aku njupuk arah ngiri. Metu saka Kutho Ngawi, aku tumuju arah ngulun arah Kutho Sragen. Kira-kira 7 kilo meter perjalanan, kiwo lan tengene dalan gedhe ana alas jati kang wis mragas, utawa godhonge pada ceblok ana ing lemah amergo dawane ketigo. Jam kang tak enggo nduduhake jam 10.00. Hawa ing sak kiwo tengene dalan gedhe jurusan Ngawi Sragen krasa panas.
Sepedha motor, bus lan kendaraan pribadi sliwar sliwer banter banget ana ing tlatah kana amergo dalane cukup ombo lan alus. ndeleng mengarep, ana wong tuwa wadon kang mlaku nganggo teken ana ing pinggir dalan sisih kiwo. Wong tuwa mau mlakune nganggo teken. Dhuwure kira kira sakmeter punjul sithik. Mlakune ora banter alias thimik thimik.
Ndeleng kahanan mengkono, ana swara ...mandhek....ing atiku. Aku banjur mandhek. Bu....iki dhuwit limang ewu ulungake pawongan ing ngguri kae. Iya...ibune nampa dhuwit mau lan diulungake marang pawongan mau. Aku nunggu sakwetoro. Tak tunggu limang menit, ibune durung teka. Atiku gak kepenak. Ana apa ya?
Sakwise aku ngundurake sepedha motor, wong tuwa mau wis sumeleh ing ibune. Meh wae ora kuwat mlaku. Aku dhewe, bingung. Wong tuwo mau isih iso ngendiko. Ora pengemis, nanging arep tindak ing ponakane. Wong tuwa mau saka Tumang arep tumuju ing Ngumbalan. Mangerteni kaya mau aku lan ibune sarujuk ngeterake Mbah Towo mau ing Ngumbalan.
Ibune nduweni panemu supaya aku ngeterake dhisik mbah towo mau. Nanging aku ora setuju, merga kahananen wong mau ambekane wis melar mingkup lan kondisine melas mbanget. pungkasane mbah tuwo mau tak goncekake ana tengah. Sing ngarep pisan si bungsu, aku, mbah tuwa lan ibune. Aku miris mergo ban sepedha motor sing mburi alus mbanget lan tipis. Aku mung isa nyuwun marang gusti supaya isa ngeterake Mbah Tuwa mau ing tujuane. Aku nglakokake sepedha motor ngulon. Kira kira sak kilo aku ngiwo mlebu dalan ing alas. Dalane elek brenjal brenjul totonan watu lan durung diaspal.
Kira kira mlebu siji setengah kilometer ning dalan mau, aku ndeleng ana kampung. Aku terus mlebu. Tekan prapatan Mbah Tuwa maringi isyarat sing dituju. Iku nak, ana prapatan ngetan. tekan prapatan aku belok kiri. Mbah maringi ngerti yen omah kang dituju, Banjur aku ngendheke sepedha motor. Tekan kono ana 3 pemudha kang celuluk. Mak....Mbah Kromo.....Mak Mbah Giyem.... Banjur ana tangga teparo kang ngrubung.
Ana kang nceletuk....Mbah sampeyan kok rene maneh Mbah. Mbah Tuwo mung meneng bae. Ora ngendika apa apa. Leres niki Mbahe sampeyan Mas Mbak. Mas lan Mbake padha saliman marang aku, ibune lan anak bungsuku. Nggih Bu. Nyes atiku. Dadi apa kang dingendikakake Mbahe bener. Omah kang dituju ya kuwi omahe ponakane. Sing padha ngrubung mau isih kalebu sedulur.
Mbah tuwo diudhunake saka sepedha motor ditulungi sedulure mau. Banjur dituntun ning omah kang dituju.

0 komentar:
Posting Komentar